Mode Gelap
Image
Rabu, 19 November 2025
Logo
Wisuda Anake, Mumete Bapake
Ilustrasi

Wisuda Anake, Mumete Bapake

Penulis: Masdea

Isuk-isuk tanggal wolulas Oktober, pas embun durung niat pamitan teko pucuk suket, onok bapak sing atine semriwing. Anake wedok, si Dea Aprilia Faradiba, wisuda, Cuk! Patang taun suwene ngeloni laptop ambek ngombe kopi ben isok melek, akhire lunas. Saiki jenenge onok tambahan S.Kom nang mburi. Singkatane Sarjana Komputer, duduk Sarjana Komen-komen, soale anake wes nyambut gawe nang perusahaan kosmetik, dadi spesialis produk. Lha pas, itungane coding gawe ayune wong wedok.

Bapake, mesem-mesem dewe koyok wong menang undian. Bangga, Cuk! Normal iku. Sopo bapak sing gak brebes mili ndelok anake munggah panggung, toga-ne diengesno rektore. Perjuangan mbayari UKT sing regane koyok cicilan KPR, ngirimi sangu sing kadang luwih cepet entek timbang sinyal 4G nang pelosok, saiki kebayar lunas. Rasane koyok mari ngangkat galon aqua sak truk. Plong!

Tapi, lha iki... nang njobo panggung wisuda, onok panggung liyane sing luwih gede. Panggung sandiwara Republik Astanapura. Si Dea iki termasuk arek sing bejo. Durung kering stempel ijazah, wes oleh gawean. Lha konco-koncone? Ewonan sarjana liyane sing fotone dipajang nang banner pinggir dalan "Selamat dan Sukses", nasibe yo sukses... sukses nganggur.

Jarene penguasa biyen, pas kampanye, janjine mbukak lapangan kerja sak akeh-akehe. Janjine manis, luwih manis timbang es teh sing gulone sak kilo. Nyatane? Saiki golek gawean luwih angel timbang golek parkir nang Tunjungan pas malem Minggu. Lowongan siji, sing nglamar sak kecamatan. Kualifikasine "minimal S1, pengalaman 5 tahun, umur maksimal 23 tahun, siap tidak menikah selama 10 tahun, dan bersedia ditempatkan di Planet Mars." Jancuk, golek menungso opo golek titisane Superman?

Durung maneh rego-rego. Bapake si Dea isok mesem saiki, tapi paling sesuk pas nang pasar wes mengkeret maneh. Rego beras jarene wes stabil, stabil duwure. Endog sak kilo regane wes podo ambek tiket bioskop. Minyak goreng? Wes ojok ditakokno, luwih lunyu timbang janjine anggota dewan. Jare ekonomi meroket, lha kok sing roket malah rego-rego kebutuhan pokok? Opo rokete mbledhos nang nduwur terus pecahanne nggarai kabeh dadi larang?

Pemerintah sibuk nggawe program-program sing jenenge keren-keren. Onok kartu sakti, bantuan tunai, ambek tepuk tangan sakinah. Tapi weteng wong cilik gak isok diisi ambek kartu opo maneh tepuk tangan. Perute wong cilik iku butuhe sego, duduk wacana.

Dadi, wisudane si Dea iki koyok kembang sing mekar nang tengah-tengah ara-ara samun. Onok senenge, onok banggane, tapi yo onok nggrise. Ngris ndelok realita sing gak seindah janji-janji. Anake berhasil melewati siji gerbang, tapi nang ngarepe onok gerbang liyane sing luwih gede: gerbang kehidupan nang negeri sing jarene gemah ripah loh jinawi, tapi nyatane gemah utange, ripah pajeke.

Yo wes lah, Pak. Dinikmati ae ndisek senenge. Isok nyekel ijazah anake, isok foto bareng. Soal cicilan, tagihan, ambek janji palsu, dipikir sesuk maneh. Sing penting anake wes dadi, wes isok golek duwek dewe. Minimal, wes gak njaluk sangu maneh. Iku wes prestasi nasional gawe bapak-bapak sak Indonesia.

Opo maneh? Babahno wes!

Komentar / Jawab Dari