Mode Gelap
Image
Selasa, 21 Oktober 2025
Logo
Ekonomi Angel, Iki Malah Pesta
Ilustrasi. Dok

Ekonomi Angel, Iki Malah Pesta "Pedang"

Penulis : masdea

Surabaya, BM - Jaman saiki, urip wes soyo angel. Golek cuan kudu sampek ngos-ngosan. Rego beras fluktuatif koyok atine mantan. Listrik byar-pet, golek gawean kudu nduwe "ordal" alias wong njero. Wong-wong mestine mumet mikir cicilan, lha iki kok onok sing mumete beda jalur! Mumet golek kehangatan! Iki dudu guyon, Cuk. Iki real teko Ngagel, Wonokromo.

 

Malam Minggu, Cuk. Wayahe wong normal iku healing tipis-tipis. Ngopi nang kafe aesthetic ben isok di-upload story, opo gak yo mabar Mobile Legend sampek isuk. Minimal, tahlilan nang omahe tonggo. Pokoke kegiatan sing berfaedah lah.

Tapi, nang salah siji hotel nang Ngagel, onok 34 lanang sing duwe konsep healing dewe. Healing sing out of the box, tapi kebablasan, Cuk!

Polisi entuk laporan teko warga. Jarene onok sing aneh nang lantai nduwur hotel. Pas didobrak, JANCUK! Pemandangane, Cuk! Ngalah-ngalahi film After Earth. Polisi nemokno 34 pria, full body, alias telanjang bulat, gak onok sehelai benang pun. Murni koyok bayi baru lahir, tapi wes brewokan.

Jare Pak Polisi Erika, "Mereka sedang tidak pantas." Lha yo jelas, Pak! Mosok kondisi ngunu diarani "Siap 86!"

Sing jenenge wong panik mari digerebek, polahe random pol. Onok sing mlayu nang jeding (lha tapi wes telat, wes ketok kabeh). Onok sing cosplay dadi sprei, umpetan nang mburi kasur. Dikira main petak umpet paling. Akhire kabeh dikongkon sila, didata siji-siji koyok arek OSPEK. Digelandang kabeh nang Polrestabes.

Iki lho, Cuk, sing nggarai mumet ndasku. Nang njobo kono, wong-wong sambat golek gawean angel. Pengangguran akeh. Ekonomi jare growth, tapi sing growth kok malah perkumpulan "Silaturahmi Pedang" koyok ngene iki? Opo iki startup anyar? "Startup Gesek-Gesek"?

Wong tuwo saiki yo kudu melu mikir. Iki himbauan serius, Cuk! 34 lanang iku yo anake uwong. Dudu anak curut sing lair teko got. Sampeyan sing dadi bapak-mbok, ojok mung ngekeki duwit jajan ambek HP sing spek dewa.

Awasi anakmu!

Takoni, hangout ambek sopo? Baline jam piro? Circle-e sehat opo toxic? Jaman saiki pergaulan wes nggilani. Salah-salah, anakmu sing mbok kiro menengan nang omah lagi sinau coding, tibake lagi sinau "anatomi" karo konco-koncone sak kamar hotel.

Gara-gara kurang perhatian, anake golek "kehangatan" nang njobo. Lha masalahe, kehangatane overdosis lan salah alamat! Wes, urip sing angel iki ojok digawe tambah ruwet ambek polah sing gak nggenah.

Opo maneh? Wes ah, ngelu! Mending ngopi!

Komentar / Jawab Dari